PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rj bagian 5 hlm. 12-15
  • ’Balia marang Gembalamu lan Sing Njaga Uripmu’

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ’Balia marang Gembalamu lan Sing Njaga Uripmu’
  • Balia Nglayani Yéhuwah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Balia marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat
    Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah
  • Yéhuwah Bener-Bener Nresnani Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • ’Wedhus-wedhusingSun Bakal Sunpadosi’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Balia Nglayani Yéhuwah
rj bagian 5 hlm. 12-15

BAGIAN 5

’Balia marang Gembalamu lan Sing Njaga Uripmu’

Apa njenengan tau ngalami tantangan kaya sing disebutké ing brosur iki? Nèk tau, njenengan ora dhèwèkan. Akèh umaté Gusti Allah kèt jaman mbiyèn nganti saiki tau ngalami masalah sing padha. Meréka dibantu karo Yéhuwah kanggo ngatasi masalahé. Dadi, Yéhuwah ya mesthi bakal mbantu njenengan.

Yéhuwah bakal mbantu njenengan isa nduwé hubungan sing akrab manèh karo Dhèwèké

YAKINA nèk Yéhuwah bakal mbantu njenengan isa akrab manèh karo Dhèwèké. Yéhuwah bakal mbantu supaya njenengan ora kuwatir, ora lara ati, lan ngrasa ayem merga nduwé hati nurani sing resik. Bar kuwi, njenengan mungkin dadi péngin nglayani Yéhuwah manèh bareng karo para sedulur. Njenengan isa ngrasakké sing dialami beberapa wong Kristen pas jamané para rasul. Rasul Pétrus kandha, ”Mbiyèn kowé kaya wedhus sing kesasar. Saiki, kowé wis bali marang gembalamu lan sing njaga uripmu.”​—1 Pétrus 2:25.

Isa nglayani Yéhuwah manèh kuwi pilihan sing paling apik. Kok isa? Soalé njenengan bakal nggawé Yéhuwah seneng. (Wulang Bebasan 27:11) Kaya sing wis njenengan ngerti, Yéhuwah kuwi nduwé perasaan. Dadi, keputusané njenengan ana pengaruhé karo perasaané Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah ora tau meksa awaké dhéwé kanggo sayang lan nglayani Dhèwèké. (Pangandharing Torèt 30:19, 20) Ana peneliti Alkitab sing ngomong, ”Ora ana sing isa mbukak atiné njenengan, sakliyané njenengan dhéwé.” Nèk gelem nglayani Yéhuwah saktulusé ati, kuwi bukti nèk awaké dhéwé mbukak ati. Kuwi kaya ngekèki hadiah sing berharga kanggo Yéhuwah lan nggawé Yéhuwah seneng. Yakina, nèk nglayani Yéhuwah isa nggawé bener-bener bahagia.​—Kisah 20:35; Wahyu 4:11.

Sedulur wédok sing ora aktif disambut wektu teka ngibadah manèh

Sakliyané kuwi, nèk ngibadah manèh, njenengan isa éntuk tuntunané Yéhuwah. (Matius 5:3) Kok isa? Akèh wong ing donya iki ngrasa ora puas lan péngin ngerti apa sakjané tujuan urip iki. Meréka ngrasa kaya ngono merga manungsa kuwi butuh tuntunané Gusti Allah. Dadi, nèk awaké dhéwé nglayani Yéhuwah saktulusé ati, awaké dhéwé bakal puas lan bahagia.​—Mazmur 63:1-5.

Yakina nèk Yéhuwah péngin banget njenengan nglayani Dhèwèké manèh. Mulané brosur iki digawé khusus kanggo njenengan. Pas nggawé brosur iki, Pengurus Pusat kerep ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah. Mungkin njenengan éntuk brosur iki saka pinituwa utawa para sedulur. Wektu maca brosur iki, njenengan mungkin péngin nyedhak manèh karo Yéhuwah. Nah, kuwi bukti nèk Yéhuwah ora lali karo njenengan. Malah, Yéhuwah péngin njenengan akrab manèh karo Dhèwèké.​—Yohanes 6:44.

Awaké dhéwé mesthi terhibur merga Yéhuwah ora bakal lali karo umaté sing ngedoh saka Dhèwèké. Kuwi sing dirasakké Donna. Dhèwèké crita, ”Aku mulai ninggalké Yéhuwah. Tapi, aku kerep ngrenungké Mazmur 139:23, 24, sing isiné ’Oh Gusti Allah, deloken isi atiku, lan deloken aku iki wong sing kaya apa. Tulung deloken pikiranku sing marahi aku kuwatir. Tulung deloken apa aku nduwé kepénginan kanggo nindakké sing salah, lan tuntunen aku ing dalan sing langgeng.’ Aku dadi ngerti nèk kuduné ora mèlu-mèlu sing ana ing donya iki. Aku kuduné tetep ana ing organisasiné Yéhuwah. Terus, aku sadhar nèk Yéhuwah ora tau ninggalké aku. Mula, aku kudu ngupaya kanggo nyedhak manèh karo Dhèwèké. Aku seneng banget isa nyedhak manèh karo Yéhuwah.”

”Aku sadhar nèk Yéhuwah ora tau ninggalké aku. Mula, aku kudu ngupaya kanggo nyedhak manèh karo Dhèwèké.”

Kami terus ndonga supaya njenengan isa ngrasakké manèh ”rasa seneng saka Yéhuwah”. (Néhémia 8:10) Njenengan ora bakal menyesal nèk bali nglayani Yéhuwah manèh.

Pertanyaan sing Mungkin Njenengan Pikirké Nèk Péngin Bali Nglayani Yéhuwah

AKU KUDU MULAI SAKA ENDI?

Sedulur wédok sing ora aktif lagi maca Alkitab

Nèk bar mari saka penyakit, biasané kegiatané ora isa akèh-akèh. Padha kaya ngono, nèk njenengan lagi ngupaya bèn imané isa kuwat manèh, aja ngrasa nèk kudu langsung melakukan akèh hal. Mungkin isa nyisihké beberapa menit kanggo maca utawa ngrungokké rekaman pembacaan Alkitab, sinau salah siji wacan, maca-maca situs jw.org, utawa nonton salah siji vidéo sing ana ing jw.org. Nèk isa, ndang tekaa ing pertemuan ibadah. Sing paling penting, ndongaa karo Yéhuwah lan njaluk bantuané. Pasrahna ”kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé”.​—1 Pétrus 5:7.

”Wektu aku ora aktif, arep ndonga waé rasané isin banget. Tapi ya tak wanèk-wanèké. Bar kuwi, ana pinituwa sing ngunjungi aku. Dhèwèké ngomong nèk Yéhuwah isih péngin aku nglayani Yéhuwah manèh. Aku dikèki saran kanggo mulai maca Alkitab saben dina. Bar tak coba, aku mulai wani kanggo teka ing pertemuan ibadah. Akhiré aku isa nginjil manèh. Bersyukur banget Yéhuwah ora nyerah kanggo mbantu aku.”​—Eeva.

MENGKO RÉAKSINÉ SEDULUR-SEDULUR PIYÉ?

Yakina nèk para sedulur bakal apikan lan nyambut njenengan. Meréka ora bakal menghakimi utawa nyalah-nyalahké. Malah, meréka bakal tetep sayang lan ngupaya tenanan kanggo nguwatké njenengan.​—Ibrani 10:24, 25.

”Aku isin nèk mèh teka ngibadah manèh. Aku kuwatir karo réaksiné para sedulur. Tapi, ana sedulur lansia sing wis tak kenal selama 30 taun ngomong, ’Seneng banget lho aku isa ketemu kowé manèh.’ Aku bener-bener tersentuh lan ngrasa disambut.”​—Javier.

”Wektu teka manèh ing Balai Ibadah, aku lungguh mburi dhéwé bèn ora ana sing ndelok aku. Jebulé akèh sing isih kèlingan karo aku, soalé pas isih cilik aku kerep teka ngibadah. Aku disambut lan dipeluk karo meréka. Rasané bener-bener ayem banget isa ngumpul manèh karo para sedulur.”​—Marco.

APA PARA PINITUWA GELEM MBANTU AKU?

Para pinituwa bakal apikan lan menghargai upayané njenengan kanggo sayang manèh karo Yéhuwah. (Wahyu 2:4) Nèk njenengan nggawé kesalahan, para pinituwa bakal sabar mbantu njenengan bèn isa nglakoni sing bener. (Galatia 6:1; Wulang Bebasan 28:13) Meréka ya mungkin bakal njaluk tulung salah siji sedulur kanggo mbahas buku Bahagia Saklawasé utawa Mendekatlah kepada Yehuwa karo njenengan. Yakina nèk para pinituwa bakal terus menghibur lan nguwatké njenengan.​—Yésaya 32:1, 2.

”Selama wolung taun, para pinituwa ora nyerah kanggo mbantu aku bèn isa aktif manèh. Wektu kuwi ana pinituwa sing nduduhké fotoné kami. Aku dadi éling kenangan kuwi. Wektu kuwi nyenengké banget. Aku dadi péngin ngrasakké manèh bahagiané nglayani Yéhuwah. Para pinituwa sabar banget mbantu aku bèn isa aktif manèh.”​—Victor.

”Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat”

Sedulur wédok lagi nyanyi ing pertemuan ibadah karo ndelok buku nyanyian sedulur ing sebelahé

Ing buku Seneng Nyanyi Muji Yéhuwah, ana akèh lagu sing isa nguwatké lan menghibur bèn njenengan isa semangat manèh nglayani Yéhuwah. Contoné, lagu nomer 38. Lagu kuwi dhasaré saka 1 Pétrus 5:10. Lagu kuwi judhulé, ”Yéhuwah Bakal Nggawé Kowé Kuwat”.

  1. Gusti Allah péngin kowé padha ngerti

    Kabèh ajaran ing Kitab Suci.

    Kuwi merga Huwah nggatèkké lan ngerti

    Kowé manut tulus saka ati.

    Kowé wis janji nèk arep ngabdi,

    Huwah mesthi mbantu lan nglindhungi.

  2. Nèk Yéhuwah nganti ngorbanké Anaké,

    Kuwi merga Huwah sayang kowé.

    Kowé mesthi bakal terus dikuwatké,

    Lan kowé bakal t’rus digatèkké.

    Katresnanmu ora dilalèkké.

    Dongamu sing tulus dirungokké.

    (REFREIN)

    Anaké dikorbanké kanggo nebus kowé.

    Dadi Huwah mesthi bakal mbantu kowé.

    Yéhuwah mesthi ndhukung lan nulungi kowé,

    Nggawé kowé kuwat, mbantu kowé setya.

Seneng Nyanyi—Vokal

Nèk péngin ngrungokké rekaman paduan suara lagu iki utawa lagu-lagu liyané, njenengan isa mbukak situs jw.org utawa scan kode iki.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim