PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rj bagian 3 hlm. 8-9
  • Lara Ati—Meskipun Ana ”Alesan kanggo Tersinggung”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Lara Ati—Meskipun Ana ”Alesan kanggo Tersinggung”
  • Balia Nglayani Yéhuwah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Ana sing ”Isa Nggawé Gusti Allah Ora Sayang Manèh karo Awaké Dhéwé”?
  • ”Rasané Kaya Yéhuwah Ngomong Langsung karo Aku”
  • Niru Yéhuwah sing Seneng Ngampuni
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Yéhuwah Mberkahi Wong-Wong sing Seneng Ngapura
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Aja Nglarani Atiné ”Wong sing Kaya Bocah Cilik Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • ”Terus Mandeng” Masa Depan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Delok Kabèh
Balia Nglayani Yéhuwah
rj bagian 3 hlm. 8-9

BAGIAN 3

LARA ATI Meskipun Ana ”Alesan kanggo Tersinggung”

”Ana sedulur wédok ing jemaatku nudhuh nèk aku nyolong dhuwité. Pas para sedulur ngerti soal kuwi, meréka malah mbéla dhèwèké. Bar kuwi dhèwèké ngerti nèk aku ora salah lan akhiré minta maaf. Meskipun ngono, rasané tetep angèl banget kanggo ngampuni. Aku wis kadhung lara ati.”​—Linda.

APA njenengan paham perasaané Linda sing lara ati merga sedulur seiman? Sayangé, perasaan lara ati isa nggawé wong nganti ora akrab manèh karo Yéhuwah. Apa njenengan ya tau ngalami kuwi?

Apa Ana sing ”Isa Nggawé Gusti Allah Ora Sayang Manèh karo Awaké Dhéwé”?

Mémang, nèk sing nggawé lara ati sedulur seiman mungkin rasané angèl ngampuni. Mungkin, awaké dhéwé mikir nèk wong Kristen kuduné saling menyayangi. (Yohanes 13:34, 35) Dadi nèk ana sing nggawé lara ati, isa waé awaké dhéwé kecéwa banget.​—Mazmur 55:12.

Mémang, ing Alkitab disebutké nèk wong Kristen isa waé nduwé ”alesan kanggo tersinggung” karo sedulur seiman. (Kolose 3:13) Tapi, nèk ngalami dhéwé mungkin bingung kudu piyé. Apa sing isa mbantu awaké dhéwé? Pikirna telu pathokan Alkitab iki.

Yéhuwah isa ndelok kabèh sing kelakon. Yéhuwah ngerti kabèh, termasuk wektu awaké dhéwé diperlakukan ora adil. (Ibrani 4:13) Nèk ngrasa susah lan sedhih, Yéhuwah ya ngrasa kaya ngono. (Yésaya 63:9) Meskipun ngalami kesusahan, bahkan digawé lara ati karo sedulur seiman, ”ora ana sing isa nggawé Gusti Allah ora sayang manèh karo awaké dhéwé”. (Roma 8:35, 38, 39) Awaké dhéwé mesthi ya ora bakal ngejarké apa waé utawa sapa waé nggawé awaké dhéwé ora sayang manèh karo Yéhuwah.

Ngampuni kuwi béda karo setuju. Pas ngampuni wong liya, ora berarti awaké dhéwé mbenerké utawa setuju karo kesalahané. Élinga, meskipun Yéhuwah sengit karo dosa, tapi Yéhuwah gelem ngampuni sapa waé sing bertobat. (Mazmur 103:12, 13; Habakuk 1:13) Dadi pas ngongkon ngampuni wong liya, Yéhuwah sakjané njaluk awaké dhéwé niru Dhèwèké. Soalé, Yéhuwah ”ora terus-terusan nesu”.​—Mazmur 103:9; Matius 6:14.

Nèk terus-terusan nesu, sing rugi awaké dhéwé. Maksudé apa? Bayangna, njenengan nyekeli watu aboté kira-kira sak kilo. Nèk nyekelé mung sak menit, mungkin njenengan kuwat. Tapi piyé nèk nyekelé beberapa jam? Beberapa minggu? Utawa, beberapa bulan? Mesthi tangané pegel banget. Watuné aboté tetep sak kilo, tapi saya suwé nyekeli watuné, rasané tambah abot. Lara ati kuwi ya kaya ngono. Mungkin kesalahané ora fatal, tapi nèk terus-terusan nesu njenengan sing rugi. Makané, Yéhuwah péngin awaké dhéwé ora terus-terusan nesu. Sakjané, Yéhuwah péngin kaya ngono bèn awaké dhéwé ora susah.​—Wulang Bebasan 11:17.

Ing Balai Ibadah, ana sedulur wédok kétok nesu karo sedulur wédok liyané

Nèk terus-terusan nesu, sing rugi kuwi awaké dhéwé

”Rasané Kaya Yéhuwah Ngomong Langsung karo Aku”

Apa sing mbantu Linda ora terus-terusan nesu meskipun wis digawé lara ati karo sedulur seiman? Salah sijiné merga ngrenungké ayat-ayat Alkitab soal ngampuni. (Mazmur 130:3, 4) Linda dadi ngerti nèk gelem ngampuni wong liya, Yéhuwah ya gelem ngampuni dhèwèké. (Éfésus 4:32–5:2) Pas ngrenungké naséhat-naséhat saka Alkitab, Linda kandha, ”Rasané kaya Yéhuwah ngomong langsung karo aku.”

Akhiré, Linda wis ora nesu manèh lan gelem ngampuni sedulur wédok kuwi. Bahkan meréka saiki dadi sahabat. Linda terus setya nglayani Yéhuwah. Kaya Yéhuwah mbantu Linda, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah ya bakal mbantu njenengan.

Gambar buku Mendekatlah kepada Yehuwa

Marie crita, ”Pas ninggalké Yéhuwah, aku terus-terusan ngrasa jèngkèl lan lara ati. Tapi sakwisé maca buku Mendekatlah kepada Yehuwa, aku dadi éling nèk Yéhuwah kuwi apikan lan perduli karo aku.” Ing Bab 26 lan 30 dibahas alesan lan carané Yéhuwah ngampuni. Terus, ya dibahas piyé carané awaké dhéwé isa niru Yéhuwah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim