Sapa sing Dimaksud Antikristus?
Jawaban ing Alkitab
Antikristus kuwi maksudé ora mung wong siji utawa kelompok tertentu. Soalé ing Alkitab disebutké nèk ana ”akèh antikristus”. (1 Yohanes 2:18, cathetan ngisor) Ing basa Yunani, kata ”antikristus” maksudé ”sing nglawan (utawa, pengganti) Kristus”. Kuwi ya maksudé wong sing . . .
ora ngakoni nèk Yésus kuwi Kristus (Mésias) utawa ora ngakoni nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah.—1 Yohanes 2:22.
nglawan Kristus sing dilantik Gusti Allah.—Mazmur 2:1, 2; Lukas 11:23.
ngaku-ngaku dadi Kristus.—Matius 24:24.
nganiaya murid-muridé Yésus, soalé Yésus ngomong nèk sapa waé sing nganiaya murid-muridé padha karo nganiaya dhèwèké.—Kisah 9:5.
ngaku-ngaku muridé Kristus padahal seneng ngapusi utawa nglanggar hukumé Gusti Allah.—Matius 7:22, 23; 2 Korintus 11:13.
Menurut Alkitab, wong-wong sing kaya ngono kuwi sing dimaksud ”antikristus”. (2 Yohanes 7, cathetan ngisor) Ing Alkitab disebutké nèk antikristus mulai ana kèt jamané para rasul. Alkitab ya ngramalké nèk antikristus isih ana nganti saiki.—1 Yohanes 4:3.
Ciri-ciri antikristus
Antikristus nyebarké ajaran sing salah soal Yésus. (Matius 24:9, 11) Contoné, ajaran Tritunggal utawa Yésus kuwi Gusti Allah sing mahakuwasa. Kuwi ora sesuai karo sing Yésus ajarké. Yésus ngandhani nèk ”Bapak sing luwih kuwasa timbang aku”.—Yohanes 14:28.
Pandhangané antikristus soal Kerajaané Gusti Allah béda karo sing Yésus ajarké. Misalé, beberapa pemimpin agama ngomong nèk pemerintahané manungsa didhukung karo Kristus. Kuwi ora sesuai karo ajarané Yésus, soalé Yésus tau ngomong, ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”—Yohanes 18:36.
Meskipun antikristus nganggep nèk Yésus kuwi Gusti, tapi meréka ora manut karo préntah-préntahé, termasuk préntah kanggo martakké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.—Matius 28:19, 20; Lukas 6:46; Kisah 10:42.