Thai Liang Lim/E+ via Getty Images
KUDU TERUS JAGA-JAGA
Kekuwatirané Wong-Wong soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah Enom
Selama taun 2025, pemerintah ing beberapa negara nguwatirké pengaruhé média sosial kanggo cah-cah enom. Malah ing salah siji negara, cah enom sing umuré durung nganti 16 taun dilarang nganggo média sosial. Terus, pemerintah ing negara-negara liya ya péngin nerapké kebijakan kuwi.
Nah sakjané, akèh cah enom ngrasa nèk média sosial isa mènèhi pengaruh èlèk kanggo meréka. Misalé, saka hasil survéi Pew Research Center sing dirilis sasi April 2025 disebutké nèk ”saka cah-cah enom ing Amerika Serikat sing mèlu survéi iki, 48 persèné ngakoni nèk média sosial ana bahayané kanggo mereka”.
Sakliyané kuwi, beberapa ahli keséhatan ya ngomong nèk média sosial mémang ana bahayané kanggo keséhatan méntalé cah enom. Contoné pas taun 2024, Dr. Vivek Murthy, Kepala Badan Kesehatan Masyarakat Amerika Serikat, ngomong nèk ”saiki sing kena gangguan méntal tambah akèh, lan salah siji penyebab utamané kuwi merga média sosial”.
Piyé wong tuwa isa nglindhungi anak-anaké bèn ora kena pengaruh èlèk saka média sosial? Gatèkna beberapa saran iki sing dhasaré saka Alkitab.
Wong tuwa kudu piyé?
Ayat Alkitab sing isa dipikirké:
”Wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”—Wulang Bebasan 14:15.
Saiki mémang akèh sing nganggo média sosial, tapi kuwi ora berarti anaké njenengan kudu nganggo média sosial soalé kuwi ana bahayané. Nèk mèh ngijinké anaké njenengan nganggo média sosial, pastèkna sik apa dhèwèké wis isa bertanggung jawab, misalé soal penggunaan wektu lan milih kanca. Terus ya pastèkna nèk anaké njenengan ora ndelok postingan sing ora nggenah.
Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, isa maca artikel ”Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?” lan ”Ngajari Anak Bèn Ngati-ati Pas Nganggo Média Sosial”.
”Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.”—Éfésus 5:16.
Nèk ngijinké anak nganggo média sosial, njenengan ya kudu ngekèki aturan. Terus, jelasna nèk kuwi dienggo nglindhungi dhèwèké. Nèk sikapé anaké njenengan mulai berubah dadi kurang apik, njenengan kudu tanggap. Misalé, mungkin isa mbatesi wektuné anaké njenengan pas nganggo média sosial utawa ngélikké dhèwèké bèn ora terlalu akrab karo kancané ing média sosial sing ngekèki pengaruh èlèk.
Deloken vidéo animasi papan tulis Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial bèn anaké njenengan isa ngati-ati pas nganggo média sosial.
Nèk péngin ngerti saran-saran liyané sing dhasaré Alkitab, wacanen artikel ”Laporan soal Bahayané Média Sosial kanggo Cah-Cah Enom”.
Artikel liyané sing bermanfaat
Ing Alkitab disebutké nèk jaman saiki ”angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Timotius 3:1-5) Tapi saka Alkitab, awaké dhéwé ya isa éntuk saran-saran sing bermanfaat. Misalé, deloken artikel ”Apa ing Alkitab Ana Saran-Saran kanggo Cah-Cah Enom sing Kena Gangguan Méntal?”. Ing kono ana 20 artikel lan vidéo sing bermanfaat kanggo wong tuwa lan cah enom.