Piyé perasaané Gusti Allah pas ndelok njenengan susah?
Ana sing percaya nèk Gusti Allah ora ngerti utawa ora perduli.
GATÈKNA KETERANGAN ING ALKITAB
Gusti Allah ngerti lan perduli
”Yéhuwah ndelok nèk kejahatané manungsa akèh banget ing bumi . . . lan Dhèwèké lara ati.”—Purwaning Dumadi 6:5, 6.
Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan
”Sedhéla manèh, wong sing jahat ora bakal ana manèh. Nèk mbok gatèkké panggonané, dhèwèké wis ora ana manèh ing kono. Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi. Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.”—Mazmur 37:10, 11.
Sing dadi kepénginané Gusti Allah
”Yéhuwah kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan. Kowé bakal njaluk tulung lan ndonga marang Aku, lan Aku bakal ngrungokké kowé.’”—Yérémia 29:11, 12.
”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.”—Yakobus 4:8.