Penutup
Apa njenengan isih kèlingan kenangan sing nyenengké bareng para sedulur pas nglayani Yéhuwah? Njenengan ngrasa seneng lan dikuwatké wektu teka ngibadah, mèlu pertemuan gabungan wilayah, nginjil, utawa wektu ngobrol karo para sedulur. Nèk kèlingan kuwi, berarti njenengan ora lali karo Yéhuwah. Yéhuwah ya ora lali karo njenengan. Yéhuwah terus éling kesetiaané njenengan mbiyèn lan péngin mbantu bèn njenengan isa nglayani Dhèwèké manèh.
Yéhuwah kandha, ”Aku dhéwé sing bakal nggolèki domba-domba-Ku, lan domba-domba-Ku bakal Tak opèni. Aku bakal ngopèni domba-domba-Ku kaya gembala sing nemokké domba-dombané sing kesebar lan mènèhi pangan domba-domba kuwi. . . . Domba-domba-Ku padha kesebar ing endi-endi, ning bakal Tak slametké saka kono.”—Yèhèzkièl 34:11, 12.