”Dhèwèké Perduli karo Kowé”
Meskipun wong liya nggawé njenengan kecéwa, tapi ana sing ora bakal ninggalké njenengan. Sapa kuwi?
Raja Daud sing wis tuwa ngomong, ”Senajan bapakku lan ibuku ninggalké aku, Yéhuwah bakal ngopèni aku.”—Mazmur 27:10.
Yéhuwah kuwi ”Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé. Dhèwèké menghibur awaké dhéwé wektu awaké dhéwé ngalami akèh kesusahan”.—2 Korintus 1:3, 4.
”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”—1 Pétrus 5:7.
Bèn ngerti luwih akèh soal carané Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké péngin mbantu njenengan, deloken Pelajaran 08 saka buku Bahagia Saklawasé, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah. Buku iki ya ana ing www.jw.org/jv