Wektu Nduwé Bojo sing Ora Setya
WONG sing bojoné selingkuh biasané lara ati banget. Dhèwèké mungkin isa ngapura lan rukun manèh karo bojoné.a Tapi, embuh cerai apa ora, dhèwèké bakal tetep lara ati. Piyé carané ngatasi perasaan kuwi?
AYAT-AYAT ALKITAB SING ISA DIRENUNGKÉ
Wong sing bojoné selingkuh isa terhibur nèk maca Alkitab. Wektu maca Alkitab, dhèwèké bakal ngerti nèk Gusti Allah perduli karo dhèwèké.—Maléakhi 2:13-16.
”Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.”—Mazmur 94:19.
Bill ngomong, ”Wektu maca ayat kuwi, aku ngrasa nèk Yéhuwah kaya bapak sing nguwatké aku.”
”Njenengan setya karo wong sing setya.”—Mazmur 18:25.
Carmen, sing bojoné tau selingkuh selama pirang-pirang sasi, ngomong, ”Bojoku ora setya karo aku. Tapi, aku ngerti nèk Yéhuwah tetep setya karo aku. Dhèwèké ora bakal nggawé aku kecéwa.”
”Aja nguwatirké apa waé. Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah . . . Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati[mu].”—Filipi 4:6, 7.
Sasha ngomong, ”Aku bola-bali maca ayat iki. Merga terus ndonga, aku isa ngrasa ayem.”
Kabèh wong sing disebutké mau awalé ngrasa ora nduwé semangat urip manèh. Tapi, wong-wong kuwi percaya karo Yéhuwah lan ngrasa dikuwatké wektu maca Alkitab. Bill ngomong, ”Merga nduwé iman, aku ngrasa isih nduwé harapan meskipun mauné aku ngrasa nèk uripku wis ora ana artiné. Aku ngrasa nèk Gusti Allah nguwatké aku meskipun aku ’mlaku ing lembah sing peteng banget’.”—Mazmur 23:4.
a Deloken Sedarlah! 22 April 1999 sing judhulé ”Bila Teman Hidup Berselingkuh” sing ngrembug soal saran-saran sing isa dipikirké sakdurungé nggawé keputusan arep cerai utawa ora.