PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp18 No. 3 hlm. 3
  • ”Ngapa Kok Gusti Allah Meneng Waé?”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Ngapa Kok Gusti Allah Meneng Waé?”
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Aku Puas lan Bahagia Nglayani Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Pengantar
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Manfaaté Buku Ayub Wektu Lagi Menderita
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
wp18 No. 3 hlm. 3
Wong-wong berkabung karo nyekel lilin

”Ngapa Kok Gusti Allah Meneng Waé?”

”AKU KEREP MIKIR: NGAPA KOK GUSTI ALLAH MENENG WAÉ?”​—Paus Benedict XVI, wektu nekani bekas kamp konsèntrasi ing kutha Auschwitz, Polandia.

WEKTU ANA MASALAH UTAWA MUSIBAH, ISA WAÉ NJENENGAN MIKIR, ’NGAPA KOK GUSTI ALLAH MENENG WAÉ? APA GUSTI ALLAH NGGATÈKKÉ AKU?’

Gatèkna pengalamané Sheila, sing manggon ing Amerika Serikat. Dhèwèké digedhèkké ing keluarga sing religius. Sheila ngomong, ”Kèt cilik aku kerep mikirké soal Gusti Allah tapi aku ora tau ngrasa cedhak karo Dhèwèké. Isa waé Gusti Allah mung ngamati saka kadohan. Aku ngrasa Gusti Allah ora benci karo aku tapi ya ora sayang karo aku.” Ngapa kok Sheila ngrasa kaya ngono? Sheila ngomong, ”Keluargaku ngalami masalah sing ora ana entèké. Tapi, kétoké Gusti Allah meneng waé.”

Kaya Sheila, njenengan mungkin ngerti nèk Gusti Allah kuwi ana. Tapi, isa waé njenengan mikir, ’Apa Gusti Allah bener-bener nggatèkké aku?’ Ayub ya tau ngrasa kaya ngono meskipun dhèwèké ngerti nèk Gusti Allah kuwi mahakuwasa lan wicaksana. (Ayub 2:3; 9:4) Sakwisé ngalami musibah sing ora ana entèké, Ayub takon karo Gusti Allah, ”Ngapa kok Njenengan ora seneng karo aku lan nganggep aku mungsuh-Mu?”​—Ayub 13:24.

Ana keterangan apa ing Alkitab? Apa musibah kuwi salahé Gusti Allah? Apa ana bukti nèk Gusti Allah nggatèkké kabèh manungsa, termasuk njenengan? Piyé njenengan isa ngerti nèk Gusti Allah kuwi nggatèkké, perduli, utawa isa mbantu njenengan pas ana masalah?

Ing artikel-artikel berikuté bakal dibahas nèk saka carané manungsa diciptakké awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah perduli karo manungsa. (Roma 1:20) Terus, awaké dhéwé ya isa ngerti soal kuwi saka keterangan ing Alkitab. Nèk tambah kenal karo Gusti Allah liwat ciptaan lan Alkitab, awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah ”perduli”.​—1 Yohanes 2:3; 1 Pétrus 5:7.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim